SESANTI PSM
Suci kang ginayuh,
Luhur kang kahesti.
Jembar, lembut, adoh, jero kang tineba.
Rumpil margane, abot sanggane, gedhe pangorbanane.
Ananging sampurna wusanane.
DHAWUHING GURU
DHAWUHING GURU
WASIAT KYAI AGENG HASAN ULAMA’
- Aja kepengin sugih, lan aja wedi mlarat.
- Pilih ngendi; sugih tanpa iman utawa mlarat ananging iman?
- Aja dhemen ngudi pengaruhing pribadhi, kang ana diopeni kanthi temenan, aja kasengsem gebyaring kadonyan, kanuragan, lan pengawasan dudu tujuan, tapa ngrame lakonana!
- Sumber bening ora bakal golek timba.
- Aja dhemen owah-owah tatanan para sepuh, wajibe mung ngopeni lan nglestarekake.
- Aja dhemen nyunggi kathoke mbahe, amal shaleh tindakna!
- Nyawiji nalika nindakake kautaman, misah ing dalem kemaksiatan, ing tembe mburi bakal ana titi mangsane, anak putu ana kang nemu emas sak jago gedhene, ananging ya mung kandhok samono iku imane.
- Ora liwat anak putuku sing guyub rukun, padha tansah ngramekake mesjid, tak pangestoni slamet ndonya akherat.
- Aja kendhat tansah nindakake mujahadah taubat, kaya kang wis diparingake guru.
Wasiyat Kyai Imam Mursyid
WASIAT KIYAI IMAM MURSYID MUTTAQIEN
الله الرحمن الرحيم بسم
- Warga PSM kudu netepi Mujahadah
- Warga PSM kudu ambelani ke-PSM-ane
- Warga PSM kudu netepi komando akherat
- Warga PSM kudu netepi amar-amar PSM
- Warga PSM kudu bersatu rukun manunggal
- Warga PSM kudu wani amberantas hawa nafsu
- Warga PSM pirantine Al-Qur’an, sajadah, dene gamane wesi aji
- Warga PSM ora kena njajal kabisane
- Warga PSM marang lelakon iki kudu ditekakake marang kasampurnan
- Warga PSM ora kena mberkahake kabisane
- Warga PSM yen ana kepentingan cukup diwacake sak kalimat, gaman wesi aji yen ana gawe dihunus
- Warga PSM kudu ikhlas marang amale
- Warga PSM sing wis insaf, mangka durung dibengat kudu dilatih
- Warga PSM aja mamang-mamang, asal taat ke-PSM-ane, menowo sekarat pati, senajan durung dibengat Insya Allah, Gusti Allah piyambak kang bakal nulungi.
- Warga PSM kudu gelem dadi cagake PSM
- Warga PSM yen diomongi kebecikan kudu digugu, senajan seng ngomong kui ora sholat.
Wejangan nganggo kerata Basa:
Olehe ngopeni utawi nggondheli cepengane (dzikir) sing kenceng, aja nganti TLISUT (KLEMPIT), RUSAK, APA MANEH ILANG
Ditindakake kapan wae, karo ngapa wae, neng endi wae.
Olehe dzikir nafi - itsbat iku sing nganti tumemen, kaya sanepane:
- Pacul: dikipatne nganti ucul
Nglakokne ilmune wali iku sing luwih untung iku wong sing mendho tinimbang sing pinter.
Tegese:
- Mendho: temene tikel pindho
Kullu syai'in bilaa Huwa baathilun.
Laa yasila ahadukum ilaa muraqabatin Illa BI itba'in nabi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar